Boy, Sony, karo Kosim ngowo thok ndeloki omahe Angga sing guedhe iki. Awan iki are-arek ancen niat dolin nang omahe Angga. Omahe rong kapling nang daerah Galaxy, Suroboyo Bagian Etan. ck ck ck mobile sampek gak cukup nang garasi. Onok ji, ro, lu, pat, mo, nem, tu, wolu, songo Masak-alah iki omah ta showroom mobil? "pikire Boy."
Jancuk, omahmu gedhene, Ngga. Koyok omahe Michael Jackson, "jare Sony."
Sekolah nang ndesoku ae kalah gedhe, jare Kosim ambek mbayangno sekolahe sing remek kabeh nang Meduro, ngenteni dana tekok SBY.
Omahe ebesku, duduk omahku, "jare Angga."
Podho ae, "jare arek-arek."
Mobil sakmono akehe iku digawe kabeh, Ngga?
Iyo, onok sing digawe Papa, Mama, adikku, pembantu.
Cuk, babumu lo uripe luwih mulyo timbangane Kosim.
Aduh, Nyah mbok dipasang eskalator mawon timbangane kulo munggah mudhun terus, pegel, "jare babune."
Leres, Nyah, kados teng Carrefour niku loenak Kamar kulo AC-ne nggih mati Nyah, ongkep nek dalu, "jare babu liyane."
Asu kamare babu ae dikeki AC kos-kosane Kosim po-o, kipas angine sempal kabeh. Isok muter tapi limolas menit thok, trus matek sampek isuk. "jare Boy."
Ma, iki konco-koncoku kuliah kenalno rek iki Mamaku, "jare Angga."
Oh, iya saya Mamanya Angga, ini sapa? Boy? Ini Sony lha ini yang kecil?
Kosim, Tante, "jare Kosim."
Kosim? Koyok nama tukang kebon kita dulu yo Ngga?, Ngga, koncomu dijak mangan disek..ketoke kok kaliren si Boy iki, "jare Mamane Angga dengan ramah."
Cuk, asu, eruh ae Mamane Angga iki, "batine Boy."
Wadah...nambahi penggawean ae, jare babune sing semlohe ambek nyepakno mangan.
Ngrusuhi wong fesbukan ae, jare babu liyane karo ngetokno blackberry-ne.
Cuk atase babu ae nggawe BB, hape-ne Kosim ae model lawas sing layare monochrome cumak abang thok, trus suarane yo monophonic, keypad-e opo manehgak onok sing ketok hurufe, wis nglenthek cet-e.
Ayo, makan dulu, gak usah malu-malu. Tante tinggal ya. Pamit Mamane Angga.
Arek-arek kaget ndelok panganan nang mejo. Sony karo Kosim sing model kos-kosan langsung nyarap koyok kere gak menangi mulud.
Cuk, panganan sakmene akehe, koen kok yo gak lemu-lemu se Ngga? Enak-enak pisan koyok nang acara mantenan ae, jare Sony ambek njupuk lidah asap.
Ngga. Nek gak entek, tak gowo mulih yo, gawe nang kos-kosan, jare Kosim ambek njupuk lobster.
Cuk, ojok ngisin-isini koen, Sim. Boy ipok-ipok jaim, padahal de'e yo kaget ndelok panganan sing koyok nang hotel iku.
Aduh-aduh arek-arek iki cik akehe wong mbambung nang wetenge, jare babu sing untune mrongos ambek ngetokno pai apel gawe dessert.
Nggacor ae, juragane lo gak protes. Awakmu atase babu ae kakean cocot, "jare Boy."
Mari mangan arek-arek munggah nang kamare Angga.
Nang kamare Angga, opo maneh... AC, home theater, Tv kabel, wis ta koyok hotel bintang lima temen. Onok Game pisan kelas temenan.
Wah, sangar, Pak, onok kamar mandi dalame pisan nek nggowo cewek isok langsung jret-jret, jare Sony sing uteke mesum.
Asu, iki pikirane lak konokan tok ae, jare Boy ambek langsung ndeloki koleksi dvd-ne Angga.
Bokepe onok gak Boy? "takok Sony."
Sik talahaku yo nggoleki iki lo! "jare Boy."
Kosim wis kungkum nang bathtub wenak pak timbang nang kosan, adus ae antri, ngising ae gentian.
Sim, nek ate kungkum nang kolam renang ae, jare Angga.
Onok ta? takok Kosim.
Onok, nang mburi. Ayo nek kepingin
Aku melok! jare Boy.
Son, koen nek nyetel BF suarane offno yo, ngkok krungu pembantuku nek kebanteren, jare Angga.
Oke bos Miyabi I'm coming "jare Sony."
Bedhes iku seneng atine koyok ketiban duren.
Mari kuliah, Boy, Angga, Sony, karo Kosim cangkruk nang parkiran. Males ate cangkruk nang kantin. Mblenek ndelok raine Mbak Pat.
Herene lolapo cangkruk nang kono? nang cafeku kene lo! Bengok Mbak Pat.
Moh bosen, ndelok sampean thok gak onok hiburane blas, jare Boy.
Oalah, pingin hiburan to? jadi aku mok kongkon striptis, gitu? ah jadi malu jare Mbak Pat ambek nutupi raine.
Cuk jancuk. Rai koyok cithakan apem ngono kok yo sik kemayu Boy gregeten.
Tapi body gue seksi kan kayak maia ratu Mbak Pat pamer bangkekane ambek motone kethip-kethip.
Iyakayak mayat asu jare Sony.
Arek-arek gak ngurus Mbak Pat sing ngosek-ngosek nang cagake warunge koyok penari striptis.
Enak yo Ngga, awakmu opo-opo wis cemepak, sembarang wis tersedia. Mobil garek milih, mangan garek nyidhuk, duwik garek nggunting, jare arek-arek.
Yo yo-opo maneh, onoke yo iku mosok ate gak digawe jare Angga.
Rumongso gak direken arek-arek, Mbak Pat semakin berani. awake digrujuk karo banyu sak ember cek timbul efek kaos basah. Arek-arek tambah gilo, gak terangsang blas.
Ebesmu kerjone opo se, Ngga? takok Sony.
Yo pengusaha biasa. Eh, sik yo hapeku muni. Angga nompo telpon nang hapene.
Mbak Pat sing gak direken arek-arek tambah kesetanan. Kaose dibukak garek kutangan thok ambek mendesah-desah koyok wong kepedesen.
Eh, rek, aku disikan yo, ate nang rumah sakit, ebesku mlebu UGD. Iki adikku sik tas telepon, "pamit Angga."
Yo wis, ayo ngalih pisan, timbang nang kene ndelok wong gendeng kutangan thok.
Mbak Pat muangkel ndelok aksine gak dianggep arek-arek. Malah arek-arek SDN Airlangga sing mulih sekolah ngelokno.
Wong gendeng wong gendeng wong gendeng
Mbak Pat langsung muntap dilokno arek cilik-cilik. He, kirik kabeh. Gak tau diajar wong tuone yo!!! jarene ambek nyawati arek-arek mau karo piring plastik Ojok mlayu koen, kene...taknyunyuk rokokku iki!
Wong gendeng ngamuk wong gendeng ngamuk jare arek cilik-cilik karo mlayu sipat kuping.
Wis telung dino sejak kedadian wingi iku Angga gak tau ketok nang kampus. Hapene yo gak isok dihubungi. Arek-arek yo gak onok sing eruh.
Koen gak eruh ta Boy? Takok Sony.
Embuh Son, de'e gak pamit, koen gak dipamiti Nya? Takok Boy nang Anya.
Gak iku Boy, hapene yo mati terus, jare Anya.
Iyo Mbak Anya, hapene mati terus biasane lo Mas Angga sms aku, takok sudah makan belum? Kalo tidur jangan malam-malam, jare Mbak Pat
Taek, iyo ta? takok Boy gak percoyo.
Jancuk, lapo aku mbujukiiki lho sms-e nek koen gak percoyo, jare Mbak Pat ambek nduduhno hapene.
Iyo-e, aku gak nyongko nek Angga onok hubungan khusus karo sundel bolong iki, jare Boy. Tapi, sik sik duduk nomere Angga iki nomere Kosim i yo Sim iki lak nomermu se?
Kosim manthuk ambek ngempet ngguyu
Oo dadi selama iki duduk Mas Angga sing sering sms aku oo tibake asu iki jare Mbak Pat ambek mlayu karo nyincing roke nguber Kosim sing wis mlayu ndisiki. He asu, mandeg koen, tak tampeki kene raimu nggarai wong tuek ae penggaweane telok lemak sempel iku Mbak Pat bengok-bengok.
Boy mlayokno tigere mulih, tapi moro-moro de'e kepikiran Angga. "Pasti nang lapangan basket biasane Angga latihan." Pas tekok nggone Boy ndelok Angga latihan basket dewekan.
Ngga!!! bengok Boy.
Angga noleh tapi meneng ae gak ngereken Boy.
Boy marani Angga nang tengah lapangan.
Ngga, koen nang ndi ae se, gak tau ketok? gak isok ditelepon jare Boy.
Duduk urusanmu Boy, jare Angga ambek terus latihan.
Koen lagi onok Masalah ta?
Duduk urusanmu, cuk! Angga emosi ambek nguncalno bal basket.
Boy kaget dipisuhi Angga, tapi de'e meneng ae. Yo wis, nek koen pingin ngomong, aku nang sebelah kono ngisore Papan sekor, jare Boy ambek mlaku nang pojokan.
Gak tapek suwi Angga marani Boy lungguh nang jejere.
Sori, Boy aku lagi sumpek, jare Angga ambek ndingkluk.
Gak popo, Ngga nek koen lagi gak pingin ngobrol yo gak popo. Arek-arek cumak kuwatir kok jare Boy ambek nyumet rokok.
Boy, koen eling pas aku ditelpon adikku dikongkon nang rumah sakit Pas iku Papaku hb-ne rendah terus harus transfusi darah gawe menaikkan hb-ne de'e. Pas iku aku ate donor, tapi tibake golongan darahku seje karo Papa. Padahal aku ambek Mama ambek adikku golongan darahe seje pisan. Papaku A, adikku B, Mamaku B, lha aku O, sampek omah, Mama tak dhedhes taktakoki opo'o golongan darahku seje dewe? Pertamane Mama gak gelem ngaku. Tapi tak dhedhes terus akhire Mama ngomong nek aku iki duduk anak kandunge Mama Papa.
Heh?!! Boy kaget. Rokoke langsung dipateni. Mosok?
Iyo Boy, bapak ibuk kandungku wis mati kit aku umur setahun nang Kalimantan. Aku dipek anak karo Papa Mama sampek saiki...
Boy meneng ae gak eruh ate ngomong opo.
Adikmu?
Adikku anak kandunge Papa Mama, Boy mangkane aku sumpek nang omah, Boy aku kepingin eruh kuburane wong tuo kandungku, paling gak eruh fotone lah tapi Mama ngomong gak eruh nang ndi kuburane opo maneh nduwe fotone, jare Angga ambek motone mbrabak..
Pirang dino koen gak mulih omah? takok Boy.
Rong dino iki
Koen turu nang ndi, Ngga nang omahku ae yo..
Gak wis Boy suwun yo omongno arek-arek aku njaluk sepuro jare Angga ambek ninggalno Boy. Boy sik thenger-thenger shock
Sampek omah Boy langsung nggoleki Umik.
Umik Umik, bengoke gak ndelok Yu Mi sing lagi kelesetan nang jubin langsung keidek-idek Boy.
Aduh Mas Boy niki yok nopo se gak ndelok wong kelesetan ta? protes Yu Mi ambek nyekeli boyoke.
Mangkane ta kelesetan kok nang tengah dalan. Tak pikir keset mau. Umik Umik. Boy bengok-bengok.
Walah onok opo se? bengak bengok koyok nang terminal ae..! jare Umik metu tekok jedhing.
Mik aku saiki takok nang Umik, jawaben sing jujur sejujur-jujurnya yo
Takok opo koen? Arek iki kesambet opo se Yu Mi kok moro-moro ngomong gak jelas ngene? jare Umik.
Aku iki anake sopo?
Anake sopo yo-opo? Gendeng arek iki wisan jare Umik.
Wis ta jawaben aku iki anake Umik ta duduk?
Duduk koen lo mlethek tekok watu sempel arek iki. Sing nggembol koen sangan wulan lo, aku...yo-opo arek iki, "Umik tambah bingung."
Temen ta Yu Mi temenan aku iki anake Umik karo Abah? Boy takok nang Yu Mi.
Sampean dibujuki Umik asline sampean sing nemu aku nang tempat sampah ngarep diwadahi kresek abang dieker-ker kucing, jare Yu Mi.
Yu Mi tak jejek temen lo cangkemmu! sentak Umik.
Buk eling sampean wis hajjah nek ngomong ditoto disampluk moloekat mengke jare Yu Mi.
Lha koen nggarai aku stress ae, jare Umik.
Wis talah aku iki anake sopo?? Boy ngotot.
Yo anak ku, arek iki durohko gak ngakoni wong tuane. Ate dadi maling kondang (maksude Malin Kundang) ta koen.? Yu Mi album foto cilikane Boy gowoen mrene! Cek ndelok dewe arek iki cilikane biyen jare Umik.
Walah buk sampun mboten wonten Yu Mi njawab enteng.
Gak onok yo-opo se.. mok deleh endi kabeh?
Kulo buwak sedoyo buk fotone elek-elek gambare lo hitam putih sedoyo, jare Yu Mi karo njabuti rambut keleke. Kemproh ancene Yu Mi iku.
Koen iki gendeng kok ancene Yu Mi foto jaman biyen yo hitam putih kabeh, goblok. Gak onok sing berwarna. Endi saiki albume! Umik emosi ndelok kelakuane Yu Mi.
Tenang ae buk.. albume mpun kulo ganti sedoyo fotone kalian foto artis-artis. Sae-sae buk sedoyo berwarna
Koen iku sekarat ancene Yu Mi, lapo album keluarga isine mok ganti fotone Sahrukh Khan, Aksay Kumar, Sri Devi
Kulo lo mboten seneng artis Indonesia buk sering kawin cerai, Yu Mi membela diri.
Umik golongan darahe opo? takok Boy.
Aku lo golongan darah O, podho karo koen. Abahmu golongan darahe A. "jelas'e Umik."
Kulo golongan darah rendah, jare Yu Mi.
Gak ngurus raimu, sentak Boy.
Mbuh pokoke aku ate tes DNA ! Boy mekso.
Tes DNA? Tes Opo iku koyok tes SIM ngono iku ta? Gawe opo? takok Umik.
Buk-buk ndeso. Kados sing teng sinetron niku lo Luna Maya di tes DNA, damel mestekno anake niku bapake Ariel nopo mboten? jelas Yu Mi.
Lho Luna Maya wis rabi karo Ariel ta? takok Umik.
Walah niki sinetron mboten temenan Anake niku dites DNA, bapake Ariel nopo Raffi?
Lho Raffi iku karo Yuni Shara gak karo Luna Maya yo, goblok ancene koen iku, Yu Mi, jare Umik.
Boy ndhase tambah mumet. Moro-moro Abah metu tekok kamar. Opo ae se rek, kok rame ae kit mau? jarene.
Bah, aku iki anake Abah ta duduk? takok Boy.
Nasi uduk? Moh aku gak seneng. Jare Abah.
Oalah yo ancene budheg jare Boy.
Gudheg? Gelem aku Boy. Endi kene?
Boy langsung mlayu nang kamare karo nutupi kupinge.
Boy, Sony karo Kosim isuk iki nang rumah sakit Karang Menjangan. Nemoni dokter gawe tes DNA.
Jadi Mas mau tes DNA? takok doktere.
Iya, dok saya mau cocokkan DNA saya dengan ibu saya, jare Boy.
Kenapa kok gak yakin kalau mereka ayah ibu kandungmu? takok doktere.
Ya soalnya saya kan ngganteng, lha Umik sama Abah itu wajahnya biasa biasa, gak mirip blas, jare Boy mekitik koyok asu. Doktere cumak ngempet ngguyu ndelok asu iku.
Oke tapi biayanya mahal, lo
Ehmm berapa dok?
Ya puluhan juta, jare doktere.
Heh??? Duwik kabeh opo dicampur godhong? Yang bener dok?
Iya, memang mahal, karena peralatannya pun mahal.
Duwik gambar gareng? orang operasi bibir sumbing adiknya Kosim aja gratis Masak gak ada diskon se Dok? jare Boy.
Ya teknologi memang mahal
Boy langsung nyeluk Kosim, nyilih kartu gaskin sing mesti digowo Kosim nang endi-endi.
Kalo pake kartu gaskin ini gak bisa dok. Ini kan untuk keluarga miskin? Masak gak ada keringanan? rayu Boy.
Doktere cumak godheg-godheg.
Wis Boy, prikso nang puskesmas nggonku ae, nang Burneh. Murah, isok mbayar nggawe telo opo pohong, jare Kosim.
Mattamu Sim, iyo nek prikso watuk opo pilek. Iki lo tes DNA!
Lha iya Boy aku yo pernah periksa ndek kono lengkap kok, onok alat SPG gawe ndelok bayi nang weteng, jare Kosim.
USG goblok. wis-wis, mulih ae larang perikso nang kene, Boy ngejak arek-arek nyingkrih.
Iyo, jare Sony, Nang wong pinter ae, Boy. Onok dukun nang Lumajang isok ndelok, Boy.
Jancik iki maneh laopo mblakrak sampek Lumajang barang
Iyo, Boy wong bibikku ilang lo isok ketemu maneh karo pamanku gara-gara dukun iku.
Mosok nggoleki wong tuo aslimu thok ae gak isok, jare Sony.
Bibikmu lo ancen minggat, gak tau diopeni pamanmu.
Wis, talah gak athek tes DNA, TNT, BCA wis pokoke garek nggowo kembang talon karo endok pitik kampung thok. Wis ketemu, jelas Sony.
Moh, raimu gendeng cuk sirik iku, tolak Boy.
Iyo, sirik tanda tak mampu, jare Kosim.
Moro-moro Mbak Pat mlebu ruang periksa.
Dok, disini bisa operasi silikon ya? takok Mbak Pat.
Cuk asu iki melok pisan, gremeng Boy.
Gimana dok? Saya ingin seperti Krisdayanti lo, dok katanya dia opersai plastik juga kan.? jare Mbak Pat ambek mbukak klambine, trus dicantolno mburi lawang. Arek-arek langsung mlayu semburat kabeh ndelok Mbak Pat kotangan thok kampul-kampul koyok wewe gombel iku. Doktere pisan mlayu ndelik nang toilet ambek mutah-mutah. Untung security bagian Poli Penyakit Jiwa langsung teko. Mbak Pat langsung diseret metu digowo nang barak.
Sik, ta cuk asu ojok main seret ae. Klambiku lo keri, jare Mbak Pat cumak kutangan thok ambek jerit jerit.
Arek-arek SDN Airlangga sing mulih sekolah bengok-bengok maneh.
Wong gendeng wong gendeng wong gendeng, jare arek-arek cilik iku.
Asu ancene arek SD saiki mokong-mokong jare Mbak Pat
Dino iku, Angga ambek Boy, Sony, karo Kosim pisan cangkruk nang lapangan basket.
Dadi koen sik durung mulih nang omahmu blas Ngga? takok Boy.
Angga godhe-godheg
Mon tedhung na kemma, Ngga? takok Kosim.
Ojok nggawe boso planet ta cuk, Boy protes.
Tidurnya itu lo dimana? Boy iki emosian, jare Kosim.
Lha koen nggawe boso Inggris Temor ngono, jare Boy.
Aku tidur di hotel, jare Angga.
Wenak, cuk onok hostes-e gak, Ngga? Purel, purel, nek gak ngerti hostess, takok Sony.
Cuk sempak sitok iki gak ngerti nek koncone kesusahan balon thok ae sing onok nang utek-e, sentak Boy.
Yo untunge kartu kreditku akeh, dadi aku gak repot.
Turu nang omahku yo gak popo kok Ngga, timbangane duwikmu entek, jare Boy.
Suwun Boy, gak usah, cumak masalahe engkok nek duwikku wis entek yo-opo iki, jare Angga.
Yo gampang njaluk ae nang Papamu de'e kan sugih. Duwike lo gak entek gawe tujuh turunan tujuh tanjakan, jare Boy.
Moh, aku gak gelem njaluk duwik maneh Papa Mama jahat kabeh, mbujuki aku kit cilik. Karuan aku nggolek kerjo ae.
Moro-moro onok adike Angga, jenenge Putri, ngampiri arek-arek.
Mas Angga, Mas Angga nang endi ae sih, Mas jare Putri.
Angga ngadheg trus mbentak, ngalih-ngalih lapo koen mrene gak usah nggoleki aku. Aku lo duduk Masmu!
Mas aku iki gak eruh opo-opo aku yo stress sik tas ngerti nek Mas Angga iku duduk Mas kandungku. Tapi yoopo maneh? Putri emosi pisan.
Mbuh mbuh.. minggir! jare Angga ambek metu lapangan basket
Mas Mama saiki iku nang rumah sakit nggoleki sampean terus! Putri mbengok karo nangis.
Gak ngurus! jare Angga ambek terus mlaku nang parkiran.
Mas Mama iku telung dino iki wisan gak gelem mangan, gak gelem ngomong, njaluk ketemu sampean thok. Sampean kok jahat se? Putri marani ambek mlayu.
Angga mandheg
Mama iku saiki diinfus Papa bingung nggoleki sampean hapemu mokpateni jare Putri.
Boy siap-siap ate ngomong, tapi cangkemme langsung dibingkep Sony. Sony eruh disaat urgen koyok ngene, omongane Boy biasane mblakrak gak karuan, padahal Boy lo cumak ate ngomong, "Ngga kancing klambine adikmu lo mbukak siji tali kutange ketok"
Ayo, nang rumah sakit, jare Angga karo nyeret adike.
Ayo melok pisan! "jare Boy" ngejak Sony karo Kosim.
Lapo melok? "takok Sony."
Kancing klambine adike Angga lo mbukak "jare Boy"
Sampek rumah sakit Angga langsung marani Mamane sing diinfus. Mamane langsung ngrangkul anake iku.
Ma, sepurane, Ma Mama ojok koyok ngene maneh, Angga njaluk sepuro Mamane.
Nggaa koen nang endi ae, Le turu nang endi trus mangan opo Koen iku anakku Mama iki Mamamu, Le sampek kapan tetep Mamamu ojok lungo-lungo maneh karuan mati ae Mama iki nek mok tinggal, jare Mamane.
Mama ojok ngomong ngono Ioyo, ma aku janji gak minggat maneh tapi Mama yo gak oleh ngene maneh, jare Angga karo ngempet nangis ndelok Mamane koyok ngono.
Iyo iyo Mama janji, pokoke koen gak minggat maneh yo, jare Mamane ambek ngambungi Angga.
Angga gantian dirangkul Papane.
Papa njaluk sepuro, Le, gak ngandani koen kit biyen tapi koen yo kudu eruh nek koen iku anakku... gak onok bedane karo Putri, kabeh anake Papa Mama, jare Papane Angga karo ngrangkul Putri pisan.
Boy, Sony, Kosim, karo suster sing ndelok cumak isok mingkem thok ndelok kedadian iku.
De'e gak sido ngomong, "Ngga kancing klambine adikmu lo mbukak siji tali kutange ketok" Moro-moro onok wong wedok diseret petugas keamanan karo bengok-bengok. Wong-wong kaget kabeh.
Tolong ..asu kirik kabeh aku iki gak gendeng cuk, aku cumak pingin operasi plastik, cuk, jancuuuuk jare wong wedok sing diseret cumak kutangan thok iku (koen pesti eruh sopo wong wedok iku)
Showing posts with label egGo. Show all posts

Saturday, August 27, 2011
Cak Dan Ning ( Sikuel Si Boy )
Mari kuliah Pengamen (Pengantar Manajemen) Boy ambek geng-e, yoiku Angga, Soni, karo Kosim cangkruk nang kantine Mbak Pat. Ate cangkruk nang endi maneh? Nang perpustakaan, pikire mahasiswa liane: Gak salah, ta? Ketemplekan setan endi bangsat-bangsat iki mlebu nang perpus? jare mahasiswa liane karo ngucek-ngucek matane.
Kate cangkruk nang mesjid, arek-arek SKI karo takmir mesjid wis mbatin Masya Allah Astaghfirullah mesjid kok ate digawe mabuk
Kate cangkruk nang parkiran, dipikir ate nyolong helm.
Malah Kosim ndhase dicantoli arek helm.
Eh, sori Mas, tak pikir sampean mau cantolane penitipan helm. Eh, tibake menungso... jarene.
Patek celeng! sentak Kosim
Mangkane ta Sim, nduwe rai elek iku ojok dideleh sembarangan. Yo gak salah nek mas iki mikir ndasmu cantolane helm, ancen modelmu lo koyok pekakas, gak koyok menungso umum, Boy mbelani arek mau. Kosim mecucu thok ae.
Akhire yo yo-opo maneh, gelem gak gelem yo nang warunge Mbak Pat.
Mampir yo mampir jare Mbak Pat karo mbenakno kutange. Arek-arek langsung mutah-mutah. Kutange lo, cak, bolong-bolong akeh penitine. Taline rantas kathik akeh bolote. Nggilani, cak.
Ayo, cabut, rek! Ndelok raine wong iki, wetengku langsung kebelet ngising, ajak Boy.
Minggato-minggato Gak duwe duwik ae cangkruk nang kafeku, jare Mbak Pat.
Kafe gathel ta Triplek-e ditrombol tikus ae rubuh, kathik ngaku-ngaku kafe, bales Boy.
Akhire arek-arek cangkruk nang toko kaos Cak-Cuk nang daerah Dharmawangsa.
Opo iki, mbak? Soni takok nang SPG-ne.
Kertas, mas jare SPG-ne
Wis ngerti, mbak, sopo ngarani iki gedebog! Maksudku iki formulir opo? Soni takok karo mangkel.
Wis ta lah mas, sampean gak mungkin isok, jare SPG iku nggregetno.
Jasiiik aku iki cumak takok, IKI FORMULIR OPO.? Soni rodok emosi.
Formulir lomba Cak dan Ning. Sing melok lo ayu-ayu karo ngganteng-ngganteng. Wajah sampean lo gak jelas antara vespa ambek matic, jare SPG-ne.
Mbok kiro iki sepeda motor? Soni gregeten.
Wis ta lah, Son koen ambek Kosim ancen gak isok melok lomba iki. Pertama wis jelas, raimu karo raine Kosim lumayan rusak. Kedua, sing melok lomba iki kudu wong sing KTP-ne Suroboyo. KTP-mu lo Malang, Kosim tambah gak jelas nang endi-endi sing didudokno malah kartu Gaskin, Keluarga Miskin! LANJUTKAN! jelas Boy.
Gaskin matamu, Boy! jare Kosim.
Moro-moro Anya karo Prita mlebu nang toko.
Lho, lapo nang kene, rek? takok Anya.
Gak lapo-lapo, ndelok-ndelok kaos. Koen lapo? takok Angga.
Ate njupuk formulir lomba Cak dan Ning! jare Anya.
Koen ate melok, ta? takok Angga.
Iyo, koen melok-o poo, Ngga! Koen pisan yo, Boy, jare Anya.
Emoh, nggilani, cuk, tolak Boy.
Eh, goblok, hadiahe lumayan lo Boy, jare Anya.
Opo? takok Boy karo Angga barengan.
Trophy, dhuwik, karo tiket pesawat nang Bali pp,jare Anya.
Temen, ta? takok Boy.
Tiket nang Bangkalan gak ada ya? takok Kosim.
Melok-o lomba Kerapan Sapi ae! sentak Boy.
Yo-opo, Ngga? melok ta gak? takok Boy.
Wis ta lah, melok ae kene aku sing ndaftarno. Dino iki pendaftaran hari terakhir. Ayo kene tak foto karo hapeku, ngkok takc etakno pisan! jare Anya karo moto Boy ambek Angga.
Rai welek ae kathik melok Cak dan Ning, protes Soni.
Elek yo-opo se? Koyok Christian Sugiono ngene jare elek! Boy mulai mekitik koyok asu.
Christian Sugiono? Chris John kaleeee jare Soni.
Nek raimu koyok Bokir ojok athik iri. Prita ndak ikut juga? takok Boy.
Nggak lah, Boy, KTP gue kan Bandung, bukan Surabaya, mana bisa? jare Prita.
Boy lagi kelesetan nang kamare. Abah lagi mboh, ngurek-ngurek kupinge bee. Umik lagi main playstation karo Yu Mi, babune.
Ayo, Mi, PS mungsuh aku, sing kalah kudu mijeti sing menang, yo, tantang Umik.
Mboten, Bu, sampean nek main nakalan ngoten. Mengke nek wayahe sampean mijet, alasane aku tak ngising sik, Yu Mi. Nek gak ngono aduh, Yu Mi, tanganku moro-moro kram tolak Yu Mi.
Wis ta, ojok ngecemes ae lambemu, ayo, timbangan koen engkok tak pecat! sentak Umik.
Sorone yo dadi babu. Ngene salah, ngono yo salah, juragan senengane ngomel ae! sambate Yu Mi.
Sik lumayan aku, gak tau nyikso koen. Padahal saiki kan usume babu disetriko juragane. Opo babu dinyos rokok karo bos-e. Lagi ngetrend, lo Yu Mi,
Mari ngono dimutilasi. Sampean iku juragan ta Ryan, tukang Jagal?
Moro-moro onok swarana telpon. Poooon Eh, kriiiiiing.
Yu Mi, angkaten telpone, kongkon Umik.
Walah, Bu, mesti kulo sing dikongkon ngangkat telpon, protes Yu Mi.
Lha terus aku ngongkon sopo? Koen lo babuku. Lha mosok wong dodol es tebu ngarep iku dikongkon ngangkat telpon?
Bendino ngene yo bungkuk gegerku, jare Yu Mi.
Wis ta, ojok ngomel ae, paling-paling sing telpon bakul tempe gendakanmu iku. Kemalan Sik tas duwe hape ae gayane telpan telpon! sindir Umik.
Sori, nggih, Bu Mas Tommy lho nek telpon langsung teng hape kulo, tolak Yu Mi.
Jenenge asline Tompo ae athik diganti Tommy! Kemoncolen!
Kersane tah, Bu. Sampean mboten tumut mbancaki ae kakean protes, jare Yu Mi ambek ngangkat telpon. Halo, dengan Yu Mi disini, bisa saya bantu
Yu Mi, Boy nang omah, ta? Endi areke? takok Angga.
Sopo iki? Lapo nggoleki Mas Boy, aku lho nganggur Wis talah Yu Mi, iki penting. Hape ne gak diangkat tak telpon.
Iyo iyo areke lo sik turu tak gugahe sik, saut Yu Mi.
Boy ngangkat telpon karo angop, mari keturon, Lapo, Ngga?
Boy, mene isuk awake dhewe diceluk gawe penyisihan Cak Ning nang balai kota. Ojok lali lo! jare Angga.
Yo wis, bareng ae yo timbangane ijenan mrono koyok gajah kopoken, jare Boy.
Isuk iki penyisihan Cak Ning, materi sing diuji yoiku wawasan tentang kota Suroboyo. Ujiane tertulis koyok UTS ngono iku. Hasile diumumno jam rolas awan. Sing dijupuk nang babak berikute arek seket. Selawe lanang, selawe wedok. Pas diumumno Boy karo Angga katut nang babak berikute. Anya katut pisan.
Asiiik, awake dhewe katut limapuluh besar, Boy, jare Anya.
Iyo, tapi wetengku luwe, cuk! Wis jam rolas gak dikeki mangan. Panitiane yok opo se? dikorupsi be'e anggarane gawe mangan awan! Boy bengok-bengok kaliren.
Cangkemmu ojok banter-banter, ta! Koyok wong kemalan badhogan ae, jare Angga.
Lha terus yok opo awake dhewe gak oleh mulih, nang kene gak dikeki mangan Boy marani wong sing nggawae keplek panitia.
Paklik, pesertane gak dikeki mangan, ta? Boy takok nang wong iku karo nyekeli wetenge.
Lak-lek lak-lek Mbok anggit aku iki bakul pentol ta? Sik, ta, dikeki dikeki! Ojok nggarai gupuh ae ta! Wonge ngomel ae ditakoki boy.
Yo wis, nek ngono Tak enteni yo lek, yo
Mari acara mangan awan, sesi berikute latihan mlaku nang panggung. Sing nglatih jenenge Mas Yance. Wonge rodok yok opo ngono. Rodok gagah gemulai.
Ayo ayo .semua latihan dengan serius ye biar nggak malu-maluin ike nanti kalau tampil di panggung, jare Mas Yance.
Ngga, pelatihe rodok gak beres yo.. endel Boy mbisiki Angga.
Ayo itu lekong yang lagi bisik-bisik tetangga pasti lagi ngrasani ike, ya! sentak Mas Yance.
Gak, kok mbak, eh mas, iku lo kupinge Angga onok semute.
Sutra bok, gak pake alesan ayo berdua maju ke sindang
Ayo kamu yang tinggi, coba jalan dulu kayak yang ike ajarkan tadi.. kongkon Mas Yance.
Angga langsung mlaku nang catwalk.
Aduh, nek jalannya kok koyok wong kebelet ngising ngono sih Ayo ganti yang satunya, jare Mas Yance ngongkon Boy mlaku.
Boy mlaku karo wedi nek disentak karo Mas Yance.
Oalah, yo yo iki malah mlakune koyok wong kabotan gandul ae. Mekekeh mekekeh, sentak Mas Yance.
Ancene kegeden, mas jare Boy koyok asu.
Opone sing kegeden, hayo
Celonoku lo kegeden mlakune dadi mekekeh mekekeh, Boy ngunjukno celonone.
Arek-arek ngguyu kabeh ndelok Boy koyok bedhes mlakune.
Dino iki pemilihan Cak Ning dimulai sesi interview. Pesertane diseleksi tekok seket, sing lolos dadi telungpuluh. Limolas lanang limolas wedok. Jurine onok telu. Pertanyaan gawe peserta macem-macem, saksire jurine. Koyok sing ditakokno nang Boy saiki.
Sebagai orang Surabaya, apa yang kamu banggakan dari kota Surabaya ini? takok juri sing lemu.
Em yang saya sukai dan saya banggakan dari Surabaya ini adalah makanannya. Kebetulan saya ini orangnya suka makan ya, alias kemalan badhogan kalau orang Surabaya bilang. Nah, macam-macam makanan khas Surabaya ini bener-bener gak ada tandingannya. Saya piker gak ada yang bisa nyaingi kota ini dalam hal makanan, sepanjang yang saya ketahui. Ada rawon, rujak cingur, lontong balap, semanggi, soto ambengan, mi kluntung, soto sulung, tahu campur, tahu tek, lontong kikil, kupang lontong, nasi bebek, tempe penyet pokoke top markotop, Boy nyerocos.
Lalu bagaimana cara mengenalkan makanan tersebut ke publik nasional ataupun internasional? takok juri sing kribo.
Ya pertama harus dipatenkan mereknya dulu, daripada nanti diakui Malingsia, eh Malaysia sebagai makanan khas daerahnya. Eh, mana bisa ya? Memangnya di sana ada petis atau lento. Terus yang kedua adalah dibuat lebih keren, misalnya packagingnya. Misalnya kalau biasanya mi kluntung diadai piring, bisa disajikan di hotplate. Kan keren, Pak
Ooo begitu. Selain makanan, apa lagi?
Ya banyak Pak tapi yang paling saya banggakan ya makananya. Ngomong-ngomong makanan, jadi lapar nih, Pak. Nanti siang lak ada konsumsinya ya, Pak? takok Boy.
Ya, ampun sik jam sepuluh wis kaliren, Mas, jare juri sing wedok.
Ndak, buk..soale yang kemarin itu makan siange telat. Latihan mlaku koyok peragawati terus .gak mangan-mangan.
Oalah Mas ini ikut Cak Ning apa kemalan badhogan?
Masalahnya kalo saya gak makan itu, kaki saya itu gemeter, trus jalannya kaki jadi ngedher, akhirnya dimarah-marahi terus sama yang nglatih jalan. Kathik yang nglatih itu orangnya judes, ngamukan. sambat Boy.
Hayo ngrasani ike lagi ya Mas Yance moro-moro metu.
Lho, kan saya bilang apa. Durung garing lambeku ngomong, wonge wis cerok cerok koyok bebek ate ngendhog, jare Boy.
Ye lagi-lagi ye ike bisa pusiiiing ngurusin ye. Aduh dewan juri yang terhormat dan mulia serta yang dipertuan agung, ike saranin peserta yang satu indang gak usah dilolosin aza. Bikin kacau acara deh, dewan juri yang berhati mulia dan bijaksana.
Lapo se sing mutusno lo dewan juri, duduk sampean. Awakmu lo isoke cumak nglatih mlaku thok ambek ngomong smail pose .blocking . sopo sing gak isok, cak! omel Boy.
Liat tu dewan juri yang maha mendengar insan yang lemah ini. Doi selulit menghina ike yang berhati baik dan lembut ini.
Sudah, sudah gak usah bertengkar. Malu, acara ini kan disiarkan di tivi dan diliput media cetak. Ayo saling maaf-maafan, kongkon Dewan Juri.
Minta maaf sama dia? Ne ne ne Ike bisa diinfus dua kali duapuluh empat jam di rumah sakit kalo harus minta maaf sama dia, Mas Yance gak gelem wawo.
Diinfus? Mesisan cuci darah ae atau operasi plastik ganti kelamin yo gak popo! towo Boy.
"Pokoknya saya tidak terima dengan penghinaan ini. Dewan juri harus mutusin milih dia atau ike. Kalau pilih dia, ike mau mundur dari kontes ini. Itu keputusan ike. Titik!
Aku lo gak ngurus awakmu maju ta mundur ta njengking ta kayang. Kalau dewan juri minta saya mundur saya gak papa. Kalah menang bukan tujuan saya ikut kontes ini. Arek suroboyo yo koyok ngene iki, cak! opo onoke. Nek kelakuanku dianggep gak sesuai ambek acara iki, yo wis, aku sing ngalah. Sepurane sing akeh, nedho nrimo! jare Boy karo ninggalno panggung. Tapi Angga cepet-cepet munggah ambek nggowo es teh ditemplekno nang dhodhone Boy koyok iklan nang tivi. Boy rodok adem.
Wis, ta Boy, gak popo njaluk sepuro Mas Yance. Anggepen ae wong gendeng. Aku males nerusno nek koen gak melok Boy, Angga ngrayu Boy cek gelem njaluk sepuro. Boy meneng ae ambek mecucu, Yo wis, saya mau minta maaf demi lancarnya acara ini sampai selesai...Mbak, eh, mas maafkan saya ya, jare boy ambek ngekekno tangane.
Apa, salaman sama Ye? Huh, najis! tolak Mas Yance.
Najis mattamu yo! Cuk, asu, raimu lo atase empat tujuh ae kakean model! Boy esmosi maneh. Untung Angga cepet-cepet nemplekno es teh nang dhodhone maneh.
Tuh, kan dewan juri yang adil dan tersohor ike dikatain empat tujuh. Doi menghina ike lagi.
Empat tujuh itu apa? takok juri karo bingung.
Oalah dewan jurine gak tau tombok togel. Empat tujuh itu kalau togel gambarnya orang banci, jare arek-arek.
Sudah sudah ayo Yance, kamu jangan ngambek lagi Boy juga, jangan emosi lagi. Sini tangannya, ayo wawo. Gak oleh eker-ekeran maneh, jare jurine ambek nggathukno tangane Mas Yance karo Boy.
Boy gak ngiro nek de'e katut nang grand final. Angga ambek Anya yo katut pisan. Acarane nang hotel Shangri La, disiarno live karo tivi lokal ambek interlokal pisan. Kabeh peserta nggawe kebaya ambek kudung, trus sing lanang yo nggawe batik ambek nggawe beskap trus ndhase dibebet udheng gawe klambi adate.
Buk,niki lo, acara final Cak Ning disiarno teng tivi. Mengke lak wonten Mas Boy disoting, jare Yu Mi
Iyo ta Mi? sik,sik, tak telpone ibuk-ibuk arisan cek nontok Boy mlebu tivi. Anakku gitu lo, jare Umik.
Cepetan Buk, niki lo Mas Angga pun disoting, jare Yu Mi.
Angga maju nang podium trus ngenalno awake dhewe.
Good evening ladies and gentlemen, my name is Angga, I was born in Surabaya twenty years ago. Now I am a student in Karang Menjangan University majoring in management. I like music and sport, especially basketball. Thank's for the time given to me, good evening, Angga lancar ngomonge gak ndhredheg blas.
Bahasa Belandane Mas Angga hebat nggih Buk, Mas Boy mosok saget, Misuh thok isoke. Faseh, enyek Yu Mi.
Ojok nyocot ae cangkemmu, Mi! sentak Umik.
Niru mboke, jare Yu Mi kalem wedi krungu Umik.
Mari ngono Angga dikongkon nunjukno keahliane, nggowo gitar listrik nang panggung, terus main instrumental melodi lagune Dewa 19. penonton langsung keplok-keplok kabeh.
Hebat nggih, Buk, gitarane Mas Angga. Mas Boy lo, paling get nyekel ecek-ecek, mosok entos gitaran.
Tak tampek temen lambemu lo, Mi, nek sik nyocot ae!
Opo maneh mboke, isoke ngomel thok, jare Yu Mi kalem.
Wayahe Anya maju, de'e nunjukno keahliane. Nggowo sampur karo nari gambyong nang ndukur kendi. Penonton langsung tepuk tangan kabeh ambek suit-suit.
Ayune, Mbak Anya, tariane apik, nggih Buk. Gerakane isok lemah gemulai koyok merak.
Mas Boy mosok isok. Iyo nek joget ndangdutan, pinter de'e, Yu Mi protes ae.
Klethak!!! Aduh!!! Buk, kok kulo sampean sawat asbak se, loro niki lo ndhas kulo, Yu Mi nggoceki ndhase sing menthol.
Bah, pethal lak yo wis. Lha koen nyocot ae kit mau. Nek gak ngono gak mingkem lambemu!
Umik wis gregeten.
Juragan sadis, KPRT. Kekerasan Pembantu Rumah Tangga!
Sebagai seorang perempuan, seandainya anda menjadi walikota Surabaya, apakah anda setuju dengan adanya lokalisasi Dolly? Apa tidak seharusnya ditutup saja? takok juri nang Anya. Saya pikir kita harus cermat dalam hal ini. Eksitensi dolly bagaikan dua sisi mata uang yang dilematis. Di satu sisi adalah demoralisasi penduduk sekitar, namun di sisi lain adalah sumber penghasilan bagi banyak orang. Jadi menurut saya sebaiknya fungsi lokalisasi harus dikembalikan ke asalnya. Bahwa lokalisasi itu harus terisolir dari masyarakat luas. Jadi, saran saya, gak usah ditutup, tapi dipindahkan ke tempat yang jauh dari penduduk. Trus dipagar yang tinggi, dan diawasi dengan ketat siapa saja yang boleh masuk kesana. Baik PSKnya, penjual makanan, mucikari, atau siapa saja. Tidak seperti sekarang ini, anak kecil berangkat ngaji atau pulang sekolah saja bisa lihat dengan leluasa paha dengan rok mini yang diangkat tinggi-tinggi untuk menarik lelaki hidung belang, jelas Anya.
Mari iklan nang tivi, gilirane Boy diceluk munggah panggung. Klambine dipasangi mikrophone wireless, dadi gak perlu nggawe mike maneh nang panggung. Tekok ngisor Mas Yance wis mecicil ae karo wanti-wanti cek Boy mlakune koyok sing diajarno de'e, gak mekekeh-mekekeh. Boy gupuh ae dipecicili koyok ngono.
Ayo mlaku, cepetan! Mas Yance ngekeki isyarat cek Boy cepet maju nang podium. Boy maju ambek gupuh ngatur mlakune soale nggawe sewek. Apes, sik tas rong jangkah, sikile kecantol kabel sound system band sing sliweran. Gedebug!!! Boy tibo nyosop, ndhase ketatap jagrake gitar listrik. Penonton ngguyu kabeh ndelok kedadian iku.
Jancuk, asu, picek matane be'e sing noto sound system iki, kabel sliweran koyok ngene dijarno ae! swarane Boy banter krungu nang salon. De'e gak sadar nek klambine dipasangi mikrophone. Penonton tambah ngguyu kekel ndelok Boy misuh-misuh. Mas Yance isin, ngamuk-ngamuk, sikile mancal-mancal njejeki kursi nang ngarepe.
Krune goblok ancene, masang kabel ae gak enthos. Cuk, loro cangkemku ketatap jagrak!
Penonton tambah kekel ngguyune.
Boy ngadeg maneh karo ndeloki Mas Yance sing njambaki rambute dewe gara-gara stres.
Lho, mas jarike suwek, yok opo iki,diterusno ta ganti disek? Boy takok nang Mas Yance. Ancene goblok arek iku de'e gak sadar nek suarane mlebu nang salon. Disiarno live pisan. Penonton tambah ngakak. Mas Yance sing njaluk tambahan infuse.
Boy maju nang tengah ambek nggoceki jarike sing suwek. Cangkeme sik misuh-misuh gak jelas. Tivi sing nyiarno live, langsung nampilno iklan, onok sing nyiarno alasan gangguan teknis. Onok sing langsung nyiarno acara binatang-binatang, padahal duduk jam tayange. Onok sing langsung nyiarno siaran ulang Persebaya lawan Arema tahun 2006. TVRI langsung nyiarno dunia dalam berita, padahal sik jam wolu bengi.
Yok nopo sih, Buk, Mas Boy niku, athik sampean wis kadung telpon ibu-ibu arisan pisan, Yu Mi mulai adu-adu.
Wis, koen ojok kakean cangkem. Boy iku ancene, huh, nggregetno. Ngisin-isini ancene! Umik nyawat Yu Mi remote tivi.
Oke, gak papa. Yang itu tadi adalah kecelakaan yang bisa saja terjadi pada siapa saja dan kapan saja. Sekarang coba kamu tunjukkan bakat kamu, jare dewan juri.
Boy gak isok konsentrasi blas, gara-gara kedadian mau. Otake blank (asline yo gak onok isine). De'e lali ate nampilno opo.
Maaf, saya agak blank, eh, gini aja, saya mau nyanyi saja lah daripada pusing, Boy langsung nyanyi, Garuda Pancasila, akulah pendukungmu, patriot proklamasi, koyok arek SD, cuk.
Angga ambek Anya ngguyu kekel. Asu! Ancene arek gendeng Boy iki, batine.
Prihatin bangsaku, tidak maju-maju..tidak maju-maju, tidak maju-maju., Penonton
ngguyu ngakak ndelok kelakuane Boy sing koyok asu iku.
Sudah, sudah, mendingan kamu melawak saja. Kayaknya kamu ada bakat jadi pelawak,
bukan penyanyi, saran jurine.
Gini aja, dewan juri tak kasih tebakan. Penonton pisan, nek isok njawab takkeki satus ewu. Yok opo? tantang Boy.
Oke, apa tebakannya? jare juri barengan.
Opo bedane sepeda montor wedok karo wong wedok?
Penonton rame kabeh nyobak njawab pertanyaane Boy.
Ayo, mosok sakmene akehe gak onok sing isok, Ayo pak walikota, ikut njawab, kalo bisa tak tambahi jadi rongatus ewu, Opo bedane sepeda montor wedok karo wong wedok,
Dewan juri karo Penonton nyobak njawab tapi, gak onok sing isok. Kathok, kathok, nyerah, jare penonton.
Jawabane, nek sepeda montor wedok iku dikumpo dhisek, baru ditumpaki... Lha nek wong wedok, ditumpaki dhisek baru..
DIKUMPO!! jare penonton barengan ambek ngguyu. Dewan juri ngguyu thok ae ndelok kelakuane asu iku. Ayo, yang terakhir, coba kamu buat pantun atau parikan!
Ngombe jamu gelase bathok.. jare Boy.
Opo artine? takok jurine.
Jurine lemu gak isok ndhodhok, jawab Boy.
Ha,ha,ha, juri sing loro ngguyu juri nang pojok sing ancene lemu. Juri sing lemu mrengut ae.
Bo abo nak-kanak, tambah Boy.
Artine? takok penonton.
Juri sing kribo ambune sengak, saut Boy.
Ha,ha,ha, ganti juri sing lemu ngguyu juri sing rambute kribo.
Sampun nggih, kecap santen toya kelopo, yu painten ketiban cendelo,cekap semanten
parikan kulo, tiyang nggantheng niki nyuwun ngapuro, jare Boy terus mudhun panggung. Sakwise kabeh finalis dites nang panggung, saiki wayahe pengumuman sopo sing dadi pemenang Cak dan Ning Suroboyo. Kabeh finalis munggah panggung maneh. Cak karo Ning Suroboyo tahun wingi yo melok munggah ambek nggowo selempang gawe pemenange. Mari ngono diumumno pemenang miss congineality, terus cak persahabatan, ning berbakat, ning favorit, dan lain-lain.
Pemenang Cak dan Ning Surabaya tahun ini adalah, Cak Angga dan Ning Anya,..
penonton tepuk tangan kabeh, Hadiah yang akan diterima adalah trophy bergilir, uang tunai, dan tiket wisata ke Bali pp,
Kabeh royokan ngerangkul ambek nyalami Anya karo Angga. Mas Yance pisan, sok berjasa,
Berikutnya yang terakhir untuk Cak favorit pilihan pemirsa, dengan sms terbanyak adalah,.Cak Booooooy,,. jare mc. Wong-wong nggoleki Boy, nang endi arek iki. Angga tolah-toleh, dipikir Boy nang panggung pisan. Tibake asu iku lagi mangan sego kotakan nang pojokan. Ancene kemalan badhogan temen.
Sik, diluk,wetengku luwe, cuk! jare Boy ambek mlayu munggah panggung. Kesusu-susu mlayu, lali nek nggawe jarik,nang ndukur panggung kesrimpet maneh sikile. Brak!! Boy nyosop nibani Mas Yance sing lagi ngatur posisi nang pinggire panggung persis. Mas Yance kesurung njungkel tibo tekok ndukur panggung nang ngarepe dewan juri. Lumayan yo, dukure panggung ae sekitar sak meter setengah.
Aduh, aduh, setan itu gak ada brentinya nyiksa ike, tolong ike diinfus, jauhkan ike dari syetan yang terejam itu, jare Mas Yance, terus semaput,dalam kedamaian.

Subscribe to:
Posts (Atom)